Tata Ibadah Minggu Keempat 26 Agustus 2018
TATA PANGIBADAH GKJ BEKASI TIMUR
DINTEN MINGGU INGKANG KAPING SEKAWAN, Minggu Biasa, 26 Agustus 2018
NUANSA PANGIBADAH : Sokur awit saking kakiyatan Gusti ing saktengahing gesang

PECAWISAN LAN PAMBUKA PANGIBADAH
1. Wekdal Ening lan Pandonga Pecawisan Pangibadah
2. Pamaosing Ringkesan/Intisari Pawartos Pasamuwan (dening Pewarta) (pasamuwan lenggah)
3. Panyumeting Lilin Ibadah(dening Pewarta)
4. Lonceng kaungelaken, pasamuwan jumeneng,lan ngidungaken Kidung Pambuka – BMGJ 316 : 1-2
5. Prosesi (Pangarsaning Pangibadah lan Pradataning Pasamuwan lumebet ing papan pangibadah)

I. LITURGI PAMBUKA
1. PANGAKEN LAN SALAM (dening Pangarsaning Pangibadah, pasamuwan taksih jumeneng)
a. Pangaken lan Salam (pasamuwan madhep tumuju Pangarsaning Pangibadah)
P : Wonten ing saklebeting pangucap sokur awit saking kakiyatan ingkang sampun kaparingaken dening Gusti ing saktengahing gesang kita, sumangga pangibadah punika kita wiwiti lan kita sengker kanthi pangaken bilih pitulungan kita punika wonten ing asmanipun Sang Yehuwah, ingkang nitahaken langit lan bumi..
Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Allah, Rama kita, lan saking Gusti Yesus Kristus, wontena ing panjenengan sedaya.. Amin.
U : (Pasamuwan ngidungaken KJ 478a – “Amin, amin, amin”)
2. KIDUNG PAMUJI (pasamuwan lenggah)
a. a. Panuntuning Pangibadah
L : Ibu, Bapak, saha para Sedherek, saestu kita kedah saos sokur dhumateng Gusti, awit saking kakiyatan ingkang sampun kaparingaken tumrap lelampahing gesang kita saben dintenipun. Sanadyan kita kedah ngadhepi sedaya gegilutan, Gusti saestu nyagedaken kita nglampahi sedaya prekawis punika. Pramila, sumangga pangibadah punika kita dadosaken wujuding pangucap sokur dhumateng Gusti, Sumbering Kakiyatan.
b. Kidung Pamuji – BMGJ 316 : 3-4
3. PANGAKENING DOSA LAN SIH RAHMATING GUSTI
a. a. Pamaosing Angger-anggering Katresnan – Yohanes 13:34-35 (dening Liturgos)
b. Kidung Panelangsa / Pangakening Dosa – BMGJ 42 : 1-3
c. Pawartos Sih Rahmat (dening Pangarsaning Pangibadah)
P : Minangka abdinipun Gusti, keparenga kula martosaken bilih saben tiyang ingkang purun ngakeni dosa lan kekiranganipun, saha nyuwun pitulungan supados saged ngestokaken sadaya dhawuhipun, Gusti ingkang Maha Asih karsa paring sih pangapunten, kadosdene ingkang kaserat wonten ing Sabdanipun ing – Yesaya 55:6-7 “ ... (Pangarsaning Pangibadah maos Pawartos Sih Rahmat) ... ” – wonten ing Asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci. Amin.
U : Matur nuwun, dhuh Gusti.
4. LITANI MASMUR
a. Litani Masmur – Mazmur 34:16-23 (dening Liturgos lan Umat)
b. Kidung Sukarena / Pangucap Sokur – BMGJ 317 : 1-… (pasamuwan jumeneng)

II. LITURGI SABDA
1. PELADOSAN PAMEDHARING SABDA
a. a. Pandonga Epiklese (dening Pangarsaning Pangibadah)
b. Waosan I – Yosua 24:1-2a, 14-18 (dening Lektor)
c. Waosan Injil – Efesus 6:10-20 (dening Pangarsaning Pangibadah)
§ Dipunpungkasi kanthi pangandika: ” Rahayu sedaya tiyang ingkang tansah mirengaken pangandikanipun Gusti lan nindakaken ing gesang sapadintenan. Haleluya!”)
§ Pasamuwan ngidungaken NKB 225 – “Haleluya! Amin!”
2. KHOTBAH–“ Bersama Bangsaku Teguh Mengabdi kepada Allah ”
3. TANGGAP DATENG KHOTBAH (swasana ening, tanpa musik/kidung)
a. Wekdal Ening (swasana ening, tanpa musik/kidung)
b. Pandonga Syafaat
c. Langen Sekar ( )
d. Pangaken Pitados Rasuli (dening Liturgos, pasamuwan jumeneng)

III. LITURGI PANGUCAP SOKUR
1. PANGUCAP SOKUR (pasamuwan lenggah)
a. Ayat Pangatag – Mazmur 96:7-9 (dening Liturgos)
b. Ngempalaken Pisungsung
· Kidung Pangucap Sokur – BMGJ 185 : 1-…
· Pasamuwan ngrepekaken kidung pada ingkang sepisan rumiyin, lan nyawisaken pisungsungipun.
· Sakderengipun pada ingkang sepisan rampung, para pelados jumeneng ing sakngajengipun mimbar. Pradataning Pasamuwan nyaosaken pisungsung rumiyin, kalajengaken dening para umat.
c. Pandonga Pangucap Sokur (dening Liturgos, pasamuwan jumeneng)
Kalajengaken Pandonga Rama Kawula

IV. LITURGI PANUTUP
1. PANGUTUSANING GUSTI
a. Ayat Pangatag Pangutusan (dening Liturgos)
L : Sumangga kita tampi Sabdaning Gusti minangka pangutusan tumrap kita : (maos I Timotius 6:11) ... ... Kados mekaten Sabdanipun Gusti
U : Pinujia Allah!
b. Kidung Pangutusan – BMGJ 319 : 1-3
2. BERKAHIPUN GUSTI KABABAR
a. Peladosaning Berkahipun Gusti (dening Pangarsaning Pangibadah)
P : Kanthi sikep andhap-asor ing ngarsanipun Gusti, sumangga kita nyenyuwun berkah tuwin kakiyatan saking Gusti, supados kita kasagedaken nglampahi gesang sapadintenan. Sumangga panjenengan tampi berkahipun Gusti : ... (berkah kaladosaken)
U : (menyanyikan KJ 478c – “Amin, amin, amin”)
b. Kidung Panutup – BMGJ 343 : 1-2

(Pangarsaning Pangibadah mandhap saking mimbar ageng, ngaturaken Kitab Suci dhateng Liturgos 1. Pangarsaning Pangibadah lan Pradataning Pasamuwan ngaturaken salam kaliyan warganing pasamuwan ing ngajeng korining gedung greja)